Jumat, 23 Januari 2015

Puisi jawa keren john pangesti

SISIK PANGGODHAGeguritan :

Sang BayangNalika jagad sing gumelar dadi peteng ndhedhetkahanan sangsaya runyemnunjem tengah tengahing wengiagawe sekabehe sipat gegayuhan tumpangsuhana ati lan lathi kang ora sarujukAmung tresna lan nirmala sing bisa njumenengake ragadadi kuwat napaki gesang tanpa sumelangListyaning tumindakmu lir sumilire bayunggugah gumregahake jangkah, kaya menjangan mlayuMiyak ombak samodra nasib kanthi nggeret pengarepbisa tumekaning pinggir anggonku jumangkah ing wengingudhar irenge pepeteng sing nggawengsenadyan ngambyang nyabrang rob lan panggodhaora gingsir rasaning ati ngukir asmamu yayiDhuh, cah ayucahyaning bumi kang sumurup ing atmaamung sliramu jiwatman suci ingsun jumeneng pribadi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar