Jumat, 23 Januari 2015

Puisi cinta bahasa jawa john pangestu

Nalikane PajarBayu kang angreremih ing qolbuSayup lamat kapiyarsa timbalan agungNalika asreping pajarKairing  kluruking jagoMangkana janma utamaGya prapta ing masjidKalawan asesuci tirta utamiInggih wudhu wajibipunManembah sujud sahaja ing gustiKalawan khuduring tyasTumungkuling saking prahara dunyaTansah eling mring Hyang SuksmaSumandhe ing ngarsaning gustiLawan puja puji astutiAnyadhong  lawan dungaKanthi pangajab pinaringan rohmat dalah kayuwanan

2Menawa rasa matine atiMesti jiwa tansah kapangUmpama ati kapenjara asmaraApa bisa jiwa ngapusiMenawa saperangan ati ngantu-antuMesti separo liyane ngenteniUmpamane setengah ati tansah (han)jagaBisa ora saperangan liyane nglaleakeMenawa ati tiba sengsaraMesti jiwa luwih laraPujaning atiku..Apa sing bisa tak tindaakeAku mung wanita sing kakungkung geni asmaraWanita sing atine wis kadustaApa sing dipengine saliyane pengin cepet ketemu kalawan sing ndusta atiSing pada-padane laksana kidung swarga sing ngalun-alun ing karnakuSing nggawe kentir kapal jiwaku ing tengahing samudra rasa sing tan winates

Artekno dw bro nek ngaku wong jowo. Salam cinta damai
John pangestu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar