Jumat, 23 Januari 2015

Puisi cinta bahasa jawa keren john pangestu

NALIKA SEPI ....pasuryanmu sing beningtumiba ing banyu mili turut pletheking suryasaya suwe tansaya adohninggalake sepitan ana sabawa gumrisiking alang alangaku mung bisa nyawangpasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kalinganti datan katon kasaput pedut

UDAN WAYAH SOREudan riwis-riwis nggawa angin gumantiora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arepdikaya ngapa lemah wus kebanjur telessesuk esuk yen sang surya wiwit sumunarlan manuk kepodang colat-colot ana wit gedangtak tunggu tekamu ing sak ngisore payungtak kanthi lakumu tumeka ngendimbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwismarakake gawe kekesing atimanuk kepodang wus mabur mangulonnanging tetep tak tunggu tekamu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar